Uga, nalika aku isih timur
Nyadong katresnaning bapa biyung
Langit pijer tansah sumunar padhang njingglang.

Nanging wektu iki,
Pajar enjing wus mangrantu sawatawi dangu
Nalika jalma mungkasi andon lampah.

Langit abang mbranang
Swaraning jangkrik , cecak, gangsir lan kodok
Ngidung tembang kinanti bebarengan.
Ewa semanten rembulan mlumpat mlumpat ing suwalipun mega.
Lha, kok, ana janma nyawang petenging ati tanpa kedep.
Ndheprok ngetung cacahing pepeteng.
Luh sinuci mbedhedek nyawang kahanan mau
Suralaya udan tangis.

Sakedap rembulan kendel anteng
Dene cahyanipun tansah panggah sumunar terang,
Malah prasasat ngedusi awak kang lungkrah
Sumulang ndeleng kahanan mengkono iku

� Ngger, wis wancine budhal menyang,
tinggalna aboting luh kang tansah mbrebes
tinarbukaa ing ngarsaning kang gawe urip
ngekep randu ing alas wetan kono.�

Malang, agustus 2002

========================================
Pengirim : Gendhotwukir
========================================

By admin

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *